www.domainesia.com

Qurban Ceria

NYIAPNO  WEDUS
Mbah Sarkim 54th, Tahun iki ngadhepi riyoyo Iedul Qurban mlaku mlaku golek wedhus arep digawe kurban.

Mbah Sarkim methuki Cak Blontang bakul wedhus sing dodolan kewan kurban nang lapangan bal balan.

Ambek tolah toleh  disambi milih-milih wedhus sing rodok gedhe karo lemu, mbah Sarkim ngomong karo cak Blontang bakul wedhus.

Mbah Sarkim :
“Cak Blontang, aku tuku wedhus jumlahe nek rodok akeh regone isok murah opo enggak ?”

Cak Blontang :
“Ojok kuwatir mbah, khusus digawe sampean tak kek'i rego kulakan ae, aku gak njupuk bathi wes !”.

Mbah Sarkim :
(Nutugno milih-milih wedhus)
“Tahun iki nduwe wedhus akeh tah Cak ??”.

Cak Blontang :
“Nek masalah stok, gak usah kuwatir mbah, Cak Blontang juragan wedhus, njaluk piro ae tak ladheni !”.

Mbah Sarkim :
"OK Cak Blontang, nek ngono tolong sampean siapno wedhus jumlahe 25 digawe aku ?".

Cak Blontang :
"Yo wes mbah, engkok tak siapno wedhuse".

Mbah Sarkim :
"Yakiiin,  sampean isok nyiapno wedhus 25 ???".

Cak Blontang :
"Ojok nyeluk aku Cak Blontang juragan wedhus, nek gak isok nyiapno wedhus  cumak 25 ae !!!".

Mbah Sarkim :
“Jangkrik, berarti canggih temenan sampean iku cak Blontang !.

Sampean biyen iku pensiunan komandan Paspampres, Kopassus, Marinir
opo Densus 88 Cak ?....

Prosoku kaet biyen aku lho kok gak isok se nyiapno wedhus,... nek tak bengoki ; 'Siaaaapppp !!’ Eh, wedhuse malah mlayu uber uberan karo koncone iku ??!! .............................".

About diehanue-mars

This is a short description in the author block about the author. You edit it by entering text in the "Biographical Info" field in the user admin panel.
    Blogger Comment
    Facebook Comment

0 komentar :

Post a Comment